Wahyu F Giri — Lamunan

Слушать Wahyu F Giri — Lamunan

Текст Wahyu F Giri — Lamunan

sumribid angin ratri..
tansah hang ngantheni..
setyo nrajang telenging ati..
angen-angen tumlawung suwung
ing wengi sepi..
tansah hangranti tekamu duh yayi..

wong ayu age nyedhak o ing sandhingku..
nyawang manise esemmu..
gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku..
haywo pegat tresnamu sayangku..

pindho samudro pasang kang tanpa wangenan
tresnaku mring sliramu sayang..
cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang
yekti sliramu kang dadi lamunan..

wong ayu age nyedak.. o ngekep ragaku..
sirnakno loro bronto ing atiku..
amergo kabidhung wewayangmu ing pikirku
haywo pegat tresnamu duh sayangku..

pindho samudro pasang kang tanpa wangenan
tresnaku mring sliramu sayang..
cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang
yekti sliramu kang dadi lamunan..